Rek!
Gur ngilingke, dino iki karo ulama-ulama salaf di arani asyura’, Opo ae sing kudu dilakoni awak dewe pas dino asyura’?
A THREAD tipis-tipis. ☕️
1- ngakehno sholat, masio bendinane kadang sholat e awak dewe akeh bolonge, sholat sunnah e yo jajal dipraktekno ora ketang 2 rakaat.
2- Niat poso yo rek, kuat ora kuat iku urusan keri, pokok diniati sil sing apik, masio alon insyaallah tekan nggon.
Ra kangen adzan maghrib po?
3- silaturrahim nang dulur karo tonggo, ojo mek pas bodho ae diparani, opo maneh pas ono butuhe, wes ra mbois blas! Sopo ngerti nduwe dulur ketemu gedi utowo anak e tanggane wis siap di rabi, sopo ngerti. 😂
4- shodaqoho yo rek, nek ra nduwe duit paling ora yo mesem lah rek, ojo urip merengat-merengut karo mecucu ae!
5- adus ben seger, Ben ketok gagah, ketok ayu, masio bendinane dhapuranmu ki jarang adus!
Aku tak adus sakdurunge subuh sesuk! 😂🙏🏽
6- gae celak yo rek, nek ra nduwe celak rausah mekso atraksi nggo areng!
7- sowan nang poro masyaikh lan poro alim ulama, ojo moro pas ono butuhe ae, katene rabi misale.
8- nyambangi/tilik wong loro, kae kanca-kancamu sing nembe pedot karo yhange yo disambangi rek, disemangati ben iso haha hihi maneh karo kowe kowe.
9- ngusap sirahe anak yatim, hobimu ki biasane kan ngethaki ndase cah cilik, khusus dino iki ojo mbok lakoni, tuman og!
10- bungahno keluargamu, tambahi duit belanjane bojomu, nek rung nduwe mbojo yo bungahno wong tuo karo adik-adikmu, nek ra nduwe adik tur ra nduwe duit yo nikmati uripmu.
11- kukune ojo lali di ketok yo rek, ojo biasakno ngetak ngetok omongane wong liyo, ra apik.
12- moco Qulhu ping sewu nek kuat, nek ra kuat yo rausah sambat.
Eling yo rek!
Iki dino asyura’ awak e dewe kudu bungah!
Lereni sik sedihmu.
Semena disek, Mugo awak e dewe isoh dadi wong sing akeh manfaat e, Amiin. ☕️🤲🏼
Ahmad (Bangbrew)
Hadramawt 10 muharram 1442 H
Share this Scrolly Tale with your friends.
A Scrolly Tale is a new way to read Twitter threads with a more visually immersive experience.
Discover more beautiful Scrolly Tales like this.
