My Authors
Read all threads
Taun 2017, Jawasastra mroduksi kaos sing inspirasine saka dalan uripe Sedulur Sikep, Samin Surosentiko. Embuh ngapa, critane Samin Surosentiko iki sempet marai mrindhing nalika diwaca. Neng kene tak jajal mbukak pustaka lawas bab Samin Surosentiko... Kasektene Samin

TRIT
Trit iki dhasare saka "Samin ki kaya ngene" dudu "aku (samin) ki ngene". Maksude nganggo dhasar wacanan karo keterangan sing nate tak entuk saka kanca Bojonegoro & Blora. Dadi mbok menawa ana Dulur Samin utawa sing luwih pahan mangga nambahi.

Kene iki ya mesthi onok kurange are
Samin Surosentiko asline priyayi, lair taun 1859, nama asline Raden Kohar. Turun ningrat tlatah Blora. Ramane paring asma Raden Surowijoyo utawa uga dikenal Samin Sepuh.

Isih duwe sambung getih karo Kyai Keti saka Rajegwesi (Bojonegoro) lan Pangeran Kusumoningayu, Tlungagung
Sakjane dalan urip sing dipilih Raden Kohar meh padha kaya dalan uripe R.M. Kudiarmadji (Ki Ageng Suryomentaram).

Umur 19 tahun Raden Kohar malih jeneng Samin Surosentiko. Uga duwe garwa sing jenenge Yongnyah. Manggon ana ing Desa Tanduran (Blora?)
Gandheng nolak pribadhine minangka 'ningrat', panguripane Samin Surosentiko cetha dadi angel. Senadyan petani, Samin Surosentiko klebu petani sing rada mlarat. Sing diduweni sawah 3 bau, tegalan sakbau, karo sapi cacau enem...
Uripe Samin Surosentiko kebak pacoba. Cobaan saka Gusti kuwi sansaya parah amerga polahe Walanda. Dheweke lan wong2 desa padha kasiksa. Mula umur 30 taun Samin Surosentiko laku ngumbara nglakoni tapa, suwene telung taun. Tapane neng ndi durung ana sing ngerti
Sakwise mertapa 3 taun, Samin bali menyang Tanduran. Dheweke nyekseni nek bar entuk wangsit lan wasiyat saka Gusti. Dheweke ngaku entuk pusaka Jamus Kalimasada utawa Kitab Kalimasada. Nanging, Kitab Kalimasada kuwi konon dirampas Walanda kumpeni.
Ajaran wewisik disebarake Samin kanthi dibiyantu garwane. Akeh wong sing rumangsa seneng tur cocog marang ajarane Samin. Sithik-baka sithik sumebyar ing Blora, Pati, Rembang, Kudus, Bojonegoro, lsp. Samin dipilih dadi pemimpin ajaran Samin. Wong modern ngaranine Saminisme.
Sedulur Samin sedina-dina luwih seneng nganggo basa Jawa Ngoko. Basa Jawa krama arang dinggo. Kanggone wong Samin, basa Jawa ngoko ora duweni pambeda drajat lan kabeh kaanggep padha2 manungsane.
Sakdurunge Samin Surosentika miwiti aksine nentang Walanda, bapake jebul wis dhisiki. Tinimbang nelateni politik, Raden Suryowijoyo malah mandegani dadi begal sing markase ing daerah Bojonegoro. Dheweke mbegal Walanda lan antek Walanda (Jawa) banjur kasile diwenehke masyarakat
Nek disawang kanthi teknis, gerakan Samin bibite muncul saka Raden Suryowijoyo. Dening Samin Surosentiko gerakan kuwi disempurnakake lan dibentuk komunitase sangge duwe daya serang marang Walanda kanthi luwih kuwat lan terorganisir.
Taun 1905, Samin ngajak para pengikute kanggo leren bayar pajak nyang Walanda. Tumindak iki sing marai Walanda gelisah. Ora tampa gelisah nanging uga bingung. Walanda nganti bingung olehe nindak Samin sing bisa ngobahake wong liya cacah akeh
Crita bab bayar pajak iki aku nate krungu saka kanca sing asale saka Blora. Jenenge Gading, cah metal tp kuliahe karawitan. De'e crita nek kanggone wong Samin ra ana gunane bayar pajak neng Walanda, lha wong sing ngewenehi urip kuwi bumi, dudu Walanda
Mula nek ana konsep kudu bayar pajak, mesthine pajak kuwi dibayarke kanggo bumi. Akhire wong Samin gelem bayar pajak tp ora dibayarke nyang Walanda. Dhuwit lan barang pajak iku malah dipendhem dening wong Samin neng lemah minangka bayar pajak marang bumi!! Sangar....
Taun 1907, Samin Surosentiko dipriksa Bupati Rembang amerga tumindake sing mbalela marang pemerintah kolonial. Banjur kena ukuman diasingke nyang tlatah njaba. Samin diasingke menyang Sumatra. Taun 1914 Samin Surosentiko sowan ngarsaning Gusti ing Padang.
Saiki pindhah menyang ajaran Samin sing sugih banget. Cekak wae, engko dulur2 bisa nambahi ing komentar. Neng kanggoku, ajaran Samin sing paling mancep yaiku "Sukma Ngawula Raga, Raga Ngawula Suwara"
Missing some Tweet in this thread? You can try to force a refresh.

Keep Current with jawasastra

Profile picture

Stay in touch and get notified when new unrolls are available from this author!

Read all threads

This Thread may be Removed Anytime!

Twitter may remove this content at anytime, convert it as a PDF, save and print for later use!

Try unrolling a thread yourself!

how to unroll video

1) Follow Thread Reader App on Twitter so you can easily mention us!

2) Go to a Twitter thread (series of Tweets by the same owner) and mention us with a keyword "unroll" @threadreaderapp unroll

You can practice here first or read more on our help page!

Follow Us on Twitter!

Did Thread Reader help you today?

Support us! We are indie developers!


This site is made by just two indie developers on a laptop doing marketing, support and development! Read more about the story.

Become a Premium Member ($3.00/month or $30.00/year) and get exclusive features!

Become Premium

Too expensive? Make a small donation by buying us coffee ($5) or help with server cost ($10)

Donate via Paypal Become our Patreon

Thank you for your support!